Rabu, 24 Juli 2013

POTROJENAR ALIAS KEBO KUNING



A.    MUNGGANG KEBO KUNING
Ing ereng-erenge Gunung Menoreh, ora adoh saka Guwa Kiskenda ana pepunthuk kang nganeh-anehi blegere memper kebo nderum, kebo kang gedhe. Pepunthuk iku tansah gundhul palemahane coklat semu kuning, mula saka kadohan cetha wela-wela bleger kebo. Warga masyarakat kono nganggep yen papan iku wingit lan wigati. Manut carita kang turun maturun pepunthuk iku biyen kedadeyan saka kebo raksesa. Kebo raseksa itu asale saka manungsa sing kena supata dening ramane dhewe. Manungsa iku jenenge POTRO JENAR, bareng wis nyuwarga masyarakat kono aweh jeneng KYAI KEBO KUNING. Yen malem Jum’at kliwon luwih-luwih ing wayah padhang rembulan purnama sakwatoro warga kono ana kang padha nenepi semadi ana sesukune pepunthuk iku. Warga masyarakat yakin yen ing dina-dina iku gelem nenepi kanthi mepes hardhaning hawa napsu gedhe prihatine akeh kang katekan gegayuhane.

Manut kapercayane warga masyarakat, ing wayah wengi malem Jum’at Kliwon, Selasa Kliwon, roh wewayangan Potrojenar, Dewi Sekarkuning kumlebat ing sacedhake tuk Ororombo, sumber kang bening ngisor wit wringin ing sesukune pepunthuk iku. Dene caritane mangkene :
Wis turun maturun pirang-pirang atus taun warga masyarakat Kiskendhapura  kapilah dadi ring perangan. Brang wetan minangka tedhak turune Lembu Sura. Bran Kulon tedhak turune Maesa Sura. Wilayah iku diwatesi dening jurang lan gunung-gunung watu, ana lowahan cilik kang kena kanggo liwat nyabrang ngulon utawa ngetan papan iku diarani WATU LAWANG. Desa sacedhak kono tekan saprene diarani Pager Gunung lan SIBOLONG.
Mahesa Sura lan Lembu Sura mono padha dene musuh bebuyutan, atine kang wangkot padha dene sumpah prajanji : “Nganti pitung turunan ora arep ambah-ambahan apa maneh tepung seduluran lan jejodhoan, sapa sing nerak wewaler bakal nampa ukum abot”. Nalika semana Kiskendhapura ana sawijining pawongan kang aran WONOBREWOK, pawakane gagah prakoso, praupane njenggureng medeni, swarane nggereng yen pinuju muntab kaya bledhek ngampar nggegirisi. Brengos lan jenggote ketel, anggone manggon ana ing papan kang primpen, pakuwon ing tengah alas apager jurang, gunung, lan wit-witan rungkut, yen mlebu ndadak mowot andha. Dijaga kanthi kejem lan santoso, ing regol ana kandhange macan galak, ula gedhe. Ing sisih kidule ana jumbleng yaiku sawijining sumur alam kang jero, jumbling iku seprene isih, arane Jumbleng Sanyar papan kanggo ngguwang mayit kurban rudhapeksa sing diarah bojone lan bandhane.
Wonobrewok kagungan keris pusaka Kyai Sasrageni. Manungsa awatak sima deksura adigang adigung prasasat ora gelem kapidak layangane. Dadi panggedene para benggol rerusuh sing gawe miris warga Kiskendhapura. Kukuban Kiskendhapura tansah ora tentrem akeh maling, gedhor kecu prasasat saben bengi. Dalasan akeh bocah wadon dadi kurban rudhapeksa. Akeh wong lanang kelangan bojo, akeh wong wadon dadi randha. Yen pinuju padhang rembulan ing omahe Wonobrewok dianakake beksa, tayub dalasan ngabotohan lan inum-inuman saengga akeh kang padha mendem, amuk-amukan, lan paten-patenan, iku wia barang lumrah. Kahanan mengkono iku pancen dijarak amrih grombolan rerusuh kanthi gampang anggone njarah-rayah ing padesan ora ana pepalang. Jerit tangis, omah kobong tansah kaprungu ing pojok padesan. Kahanan mangkono njalari warga masyarakat dadi semplah lan nglokro, malah akeh kang anut grubyug dadi maling, gedhor lan kecu.
Sanajan palemahane loh jinawi, uripe warga masyarakat tetep miskin lan kasrakat jalaran kurang aman lan tentrem. Mesthi bae ora ketengen ngadi kawruh ngelmu apa maneh ulah karohanen ngluruhake Pangeran Kang Paring Urip.
B.  KI WISESA ANORAGA
        Nalika ngasta jejibahan ing Kraton Mataram minangka prajurit tantama, Ki Wisesa Anoraga pinanggenah mbrasta rerusuh ing pegunungan Menoreh, hiyo ing Kiskendhapura. Grombolan rerusuh iku pranyata angel dibrasta jalaran warga masyarakat kurang golong-gilik. Angel dipilah-pilah meh kabeh mbiyantu para rerusuh, warga mastarakate Lembu Sura lan Mahesa Sura tetep erah lan bubrah, babar blas ora ana tekad manunggal apa maneh wilayah Kiskendhapura adoh saka pusat krajan paprintahan.
Bareng Ki Wisesa Anoraga jejibahanne wis purna, sumedya kepingin tapa semedi ing ereng-erenge pegunungan Menoreh. Ki Wissa rumangsa trenyuh lan nggrantes banget marang nasipe warga masyarakat Kiskendhapura. Tilas papan lelabuhane biyen minangka satriya tama sing gedhe labuh-labete. Bisa rumangsa yen lelabuhan mbela Negara iku ora mandheg jalaran purna tugas. Kanthi bebasan lila donya tega pati, atine tetep makantar-kantar sumedya kepingin labuh labete kanggo sepadane sing papa cintraka ing Kiskendhapura. Maju perang tanpa bala, meneng tanpa ngalahake, iku dadi bebundhelan tekad. Sumedya tapa ngrame kepingin tetulung marang pepadha. Aweh padhang kang kepetengan, aweh pangan kang kaluweyan. Aweh sandhang kang kawudan. Anggone arep ngadhepi grombolane Wonobrewok kanthi nganggo cara liya.


C.    GOGOLUWAS LAN TELA JAYAREKSA
Ki Wisesa Anoraga kang didherekake abdine aran Ki Jayareksa, olehe teka ing Kiskendhapura ora kaya punggawa kraton. Kanthi prsaja ora ngatonake anggone dadi wong gedhe, sandhang panganggone uga tan tebih marang kawula cilik ing padesan sarwa rumaket. Bisa manjing ajur-ajer grapyak lan sumanak mula sadela bae wis akeh sadulure. Wong-wong ora ngira Manawa pawongan iku tilas prajurit tantama, punggawa kraton Mataram kang sinembah-sembah.Apa maneh Ki Jayareksa sing baud nembang lan mbanyol. Mrana-mrene tansah disuyudi sadulur.
Sing kepethuk dadi lejar lan binger sanalika. Tekane ing desa kono ora katon njaluk diladeni nanging malah ngladeni dalasan tekane padha ngrendhuyut nggawa winih-winihan, kayata : winih tela pohung, pari gogo, winih sayuran lan who-wohan uga winih jagung lan kacang. Kabeh didum-dumake marang warga masyarakat dalasan anggone nandur uga diwarahi. Ora watara lawas warga masyarakat wis duwe tanduran ijo royo-royo katon nyenengake. Wayah awan ana pategalan, wayah bengi padha gladhen ulah kanuragan, ulah kaprajuritan lan kawruh ngelmu tetanen. Mundhak dina sang saya akeh para warga masyarakat sing padha nggeguru. Kukuhan ing sisih kulon palemahane pancen loh jinawi ndemenake tanduran pari gogo nyilepake wong. Nalika panen prasasat luas-luas ora rampung anggone maneni, papane nganti ora amot dhasare tenagane kurang, pranyata sedhela bae murah pangan, kang tinandur sarwa dadi. Papan iku minangka pepenget banjur diarani “Dusun GOGOLUWAS”. Tela pohung kang rasane gurih lan mempur gedhe lan dawa banjur dijenengi “TELA JAYAREKSA” pepenget lelabuhan Ki Jayareksa.
D.    PADHEPOKAN GUWA SEMAR
Wis genep sawetara taun lawase, Ki Wisesa Anoraga makarya ing tlatah bumi Kiskendhapura. Ananging grombolan musuh sing dipandhegani Ki Wonobrewok during mangerti apa karep lan sedyane Ki Wisesa Anoraga labuh labet makarya ing kukuban kono. Pancen Ki Wisesa aweh pitutur, ora perlu tindak durhaka diwales kadurakan, ala diwales ala. Kanthi sabar lane ling lan waspada, warga masyarakat terus makarya lan siyaga. Kabeh tindak bakal oleh tiwales saukur karo tumindake. Ki Jaga minangka sesepuh warga masyarakat ngajak supaya padha bebarengan gawe omah kang luwih jembar minangka papan padhepokan. Papan mau bareng dadi diarani Padhepokan Guwa Semar. Papan mau dumunung ing cedhak guwa kang banyune bening, asri, ngungkurake gunung lan alas kang ijo royo-royo. Ing lawange guwa warga padhepokan gawe pepetan reca Semar minangka dewa kang ngejawantah. Tumurun ing ngarca padha. Ki Wisesa diembakake Semar iku mau. Ing korining padhepokan katulis mawa aksara Jawa sing unine : “Tata Raharja Esthi Terus Binangun”.
E.     POTRO JENAR LOANO IBU KANG WICAKSONO
Ora saben bocah ontang-anting lan bapake nakal mesthi dadi bocah kemlungkung lan mrusal. Potro Jenar nyoto-nyoto entuk panggula wentah saka ibune. Dasar wanita sabar tur njatmika, tabah lan tawakal, cukat lan trengginas, kebak ing kawicaksanan, ora mongkok lan kibir ketunggon bandha kang mubra-mubru. Atine trenyuh kaya diiris-iris jalaran bandha iku asale saka rakyat cilik kang dirudhapeksa. Potro Jenar dipasrahake Ki Wisesa Anoraga ing padhepokan supaya entuk panggula wentah.
F.     KEBO RASEKSA, TLOGO KUNING LAN GUNUNG LANANG
Wonobrewok nguntab ngamuk ora sebaene, Potro Jenar kaduk wani runtang-runtung karo Dewi Sekar Kuning, bocah wadon saka brang wetan darah Lembu Sura. Warga brang wetan lan brang kulon manunggal padha dene dadi murid ing Padhepokan Guwa Semar jalaran pokal gawene Potro Jenar, iku mau kabeh mlanggar wewaler sing gedhe banget lupute. Mula  Potro Jenar banjur dirangket kaungkulan keris kyai Sosrogeni, disupatani sak nalika dadi kebo raseksa. Mengkono uga Dewi Sekar Kuning kasuduk mawa pusaka Kyai Sosrogeni sanalika ludira muncrat banjur mujudake tlaga kang kuning banyune, tlaga iku kang diarani TLAGA KUNING. Warga Kiskendhapura padha nangis lan sedih kelangan tokoh pepundhene.
Dumadakan ono lindhu, langit peteng bledheg der-deran. Kaprungu swara saka kebo raseksa mangkene: “ He warga Kiskendhapura aja padha nangisi aku, timbang aku dadi tontonan ragaku bakal dak tinggal dadi pepunthuk minangka papan tetanen, luhmu kang nelesi papan iki bakal mijil tuk kang ora bakal asat, lan bening banyune. Kebo sakiwa tengene kene bakal padha meteng lan manak tanpa kawin yen ngombe banyu iku. Sing padha rukun lan bantu biyantu.”
Minangka pepenget warga Kiskendhapura nggawe monument sing saiki aran GUNUNG TEMANTEN LAN WATU BLENCONG. Antarane bapak lan anak blencong, benceng karep. Gunung temanten minangka Potro Jenar-Dewi Sekar Kuning. Kacarita Ki Wonobrewok nggerem-nggerem kepengin ngrampungi nyawane Ki Wisesa Anoraga. Ki Wisesa ngudhal lan ngumbah kabeh pialane Wonobrewok. Keris Sosrogeni kalorot nedya katamakake dhadhane Ki Wisesa. Ananging kalah trengginas, pusaka kyai Sada lanang kadhung sumelet ing gulune, sanalika Wonobrewok rupa malih dadi watu sing diarani Gunung Lanang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar