Miturut
dongenge para sesepuh kang tunda matunda, mangkene: Nalika bedahing Kraton
Majapahit akeh para sentana dalah para putra-putrane kang banjur padha oncat
saka kraton, saperlu golek urip. Ora karuwan sing dituju, waton bisa nylametake
jiwa ragane. Amarga wis ora kaconggah anggone nanggulangi mungsuh kang ngebruki
Kraton Majapahit. Kacarita ana sawenehing putra-putrane Nata Majapahit, kakang
adhi, loro cacahe. Sing tuwa asmane Kebo Angun-angun, dene adhine asmane
Singgelo. Putra loro mau anggone ngungsi ngulon parane, nganti tekan ing tlatah
Bagelen. Nalika semana ing Tlatah Dhek semana wong-wong kang padha manggon ing
kene isih arang banget. Sawise tekan ing Bagelen bocah loro mau padha perpisahan
golek urip dewe-dewe. Sing tuwa banjur babad alas saperlu kanggo mesanggrahan.
Saiki papan mau diarani Desa Walikara.
Nalika
semana Desa Walikara mau isih keperang dadi telung bagian: Sing sisih wetan
katelah Karangwetan, sing sisih kulon katelah Karangkulon (Karang Jaru), dene
sing tengah diarani Karang Gempol. Iyo ing kene mau Kebo Angun-angun banjur
katelah Kyai Walikara, utawa Kyai Karang Gempol. Amarga panjenengane pancen
kegolong wong sing pinter, lahir batin, sarta becik bebudene. Mula wong-wong
kang manggon sakiwa tengene desa kono ake kang padha ngajeni marga saka
pakartine kang becik mau. Kocapa ingkang rayi Singgelo sawise pisah karo
kangmase banjur mesanggrahan ing Bagelen (Pakuran). Malah ing kono banjur
karma, nganti kagungan putra. Pakaryane Singgelo tetanen, sinambi nderes klapa
banyu ana sak jerone Desa Jenar. Sarehne Singgelo iku putrane akeh, anggone
tetanen mempeng lan olehe babad alas uga jembar banget. Wiwit Bagelen, Jenar
mengaler tekan ing Lowano prasasat dadi bumine Singgelo kabeh. Mula wiwit saka
iku, Singgelo banjur pindah dalem ing Lowano. Iyo ing kono iku Singgelo kasebut
Bathara Lowano utawa Ki Buyut Singgelo.
Ing
ngarep wis dak aturake yen Ki Buyut Singgelo (Bathara Lowano) mau uripe seneng
tetanen. Malahan wis tau duwe rancangan supaya putra lan wayahe ing tembe aja
nganti kurang pangan, banjur yasa bulak pesawahan kan ngedap-edapi jembare.
Sawise kaleksanan bulak sawah mau diparingi tetenger bulak “Si Rancang”. Bulak
kuwi dumunung ana antarane desa-desa=Jenar, Walikara, Sruwoh, Wanabaya, Wingka,
Sendangsari lan Pundensari. Bulak Si Rancang mau nalika semana prasasat
minangka lumbunge Bethara Lowano. Supaya tansah bisa panen lan aja nganti
ketelaten banyu, wis tau diyasani talang banyu kang dawane kurang luwih 15 Km.
yoiku wiwit Tuksanga nganti tekan ing bulak Si Rancang. Malah wis tau Bathara
Lowano anggone yasa banyu nalang saka Tuksanga tumekane bulak Si Rancang, pring
sing digawe nalang lumakune utawa miline banyu tansah lancer mung wae sak
jroning pirang-pirang dina Bathara Lowano anggone ngilekake banyu, pring
sambungane talang banyu mau makaping-kaping anjlok mengisor sainggo andadekake
geronge lemah nganti tekan jero dadi sawijining sumur. Mula Bathara Lowano
paring tetenger “Sumur Talang” ing kono kuwi Bathara Lowano yen pinuju ngaso
amarga kesel nggone nggarap sawah mesthi ngaso ono papan panggonan kono.
Wis dadi nalurine masyarakat kono, kanggo
pepeling masyarakat Desa Jenar (Jenarlor
saiki) papan petilasan kanggone ngaso Bathara Lowano kuwi dadi sawijine Pundhen
Desa Jenarlor lan kanggo mengeti lelabuhane leluhur saben wulan Rojab mesthine
dianakake upacara merti desa utawa Rejeban kanthi nanggap wayang. Bab iki
mratelakake Manawa Bathara Lowano nalika semana wis dadi tuladane para wong
tani kang maju. Mula ora elok maneh Manawa putra wayahe kang dumunung ana ing
wewengkon Lowano tumekaning Bagelen padha seneng lan prigel anggone olah
tetanen, awit napak tilas leluhure. Mangsane ngarepake mangsa panen pari, yen
sinawang saka kadohan bulak Si Rancang prasasat kaya samodra emas. Agawe
asrining pandulu lan ayeming ati.
Kaya
ngapa mareme panggalihe Bathara Lowano, amarga rumangsa putra wayahe ing tembe
ora bakal kekurangan sandhang lan boga. Piniju sawijining dina Bathara Lowano
nimbali putra-putrane didhawuhi supaya nderekake anggone tindak sawah, saperlu
mriksani parine sing wis meh tuwa. Putra-putrane rumangsa seneng banget. Kacarita
tindake Bathara Lowano wis tumeka bulak Si Rancang sanajan hawane panas nanging
prasasat ora krasa, jalaran kagawa marem lan senenging ati. Ora ngira babar
pisan Manawa seneng lan marem iku bakal nemoni kosok baline. Bareng Bathara
Lowano nasak mentengah, sapira kagete penggalihe rumangsa cuwa lan gela, awit
parine akeh kang rusak, amerga dicolongo uwong. Bathara Lowano judge penggalihe.
Arep ditunggu ora kawogan, bareng ora ditunggu saya suwe mesthi ora komanan.
Sawise kendel sawetara, banjur kengetan marang dulure tuwa kang dumunung ing
Desa Walikara. Ing pengangkah nedya mampir sowan lan nyuwun egoh kepriye supaya
parine bisa wutuh, ora dirusak dening wong. Kebeneran Kyai Walikara pinuju ora
tindakan. Bawaning wong kang seneng prihatin lan nggegulang ngilmu rasa wis
krasa manawa dina iku panjenengane katekan tamu, pratandha swarane prenjak
ngganter-ngganter. During nganti leren ocehing prenjak kang ngganter mau kasaru
swarane tam kulonuwun. Kyai Walikara lan Nyi Walikara nganti gugub anggone
manggakake marang tamne. Ora ngiro babar pisan manawa kang mretamu iku jebul
rayine dhewe, kanthi diderekake para putra-putrane. Sepira mungguh marem lan
bungahe Kyai Walikara sekaliyan. Awit wis rada sawetara suwene ora ketemu.
Sawise didhawuhi lenggah sarta bage-binage bab keslametane, Bathara Lowano
banjur ngaturake sing dadi kepreluwane. Ature Bathara Lowano:
“ kangmas, sowan kula kajawi tuwi,
leresipun wonten bab ingkang wigatos bab ingkang badhe kula aturaken. Mugi
ndadosaken uninga bilih pantun kula ing sabin bulak Si Rancang sami dipun risak
tiyang. Pramila kula badhe nyuwun senjata pitulung dhumateng Kangmas, supados
pantun kula sampun ngantos risak malih. Bab punika sumangga Kangmas anggenipun
paring pitulungan dhateng kula.”
Wangsulane
Kyai Walikara:
“ dimas, bab panuwune adhi aku ora
bakal suwala, mesthi dak saguh. Ning kosok baline, kesaguhanku marang si adhi
iku ana bebanane. Apa kira-kira si adhi saguh ngleksanani panjalukku?”
Bathara
Lowano:
“ manawi sakinten kula saged
mesthinipun saged kula sagahi. Lajeng kula aturi ngendika punapa bebana ingkang
dipun kresaaken.”
Kyai
Walikara
“ bab iki kudu si adhi bisa, amarga
bebanane pun kakang ora angel malah kepara saiki wis diasta mrene. Ora ana liya
yakuwi pusaka keris Karawelang.”
Bathara
Lowano
“ Estanipun kula awrat badhe
ngaturaken, amargi pusaka punika minangka sipat kandel kula. Ananging sarehning
kakangmas ingkang ngresaaken kapeksa mangga kula aturaken. Nanging kulo
wantos-wanyos sampung ngantos ical.”
Kyai
Walikara
“ aku dudu bocah cilik, mula dhimas
ora susah kwatr. Prakra anane pusaka lan keslametane pari kang ana bulak Si
Rancang iku wis dadi tanggung jawabku.”
Sawise
paripurna anggone padha sapatemon, Bathara Lowano banjur nyuwun pamit arep
mulih menyang Lowano. Sapungkure Bathara Lowano, Kyai Walikara saya gedhe
prihatine, jalaran kapasrahan tanggung jawab kang ora enteng dening rayine.
Yokuwi njogo keslametane pari penggalihe barang wis bisa dumunung ana bulak Si
Rancang. Nanging uga rumangsa gedhe penggalihe bareng wis bisa nampa keris
Karawelang . paribasane kaya wong nembe mentas ngimpi katiban ndaru. Mula
bareng wis kadunungan keris Karawelang Kyai Walikara saya gedhe kawibawane,
akeh pawongan kang padha ering marang panjenengane.
Aja
maneh wong lumrah ora wedia, selagine gegedhuging brandal, kecu, prasasat ora
ana kang sumedya wani gegabah marang Kyai Walikara. Paribasan kadya kuthuk
weruh ulung. Pranyata kaya wali kang tan kena sinikara. Rawe-rawe rantas
malang-malang putung. Sakabehing durjana kang sumedya gawe ala, bareng ngerti
manawa Kyai Walikara kang kapasrah njaga keslametane lan wutuhe pari mau, wis
ora ana sing wani ngrusak lan ngaru biru maneh. Saengga pari kang sabulak
jembare, gedhene sakpocong, cilike sakrungge, wutuh ora ana sing wani nyolong
maneh.
Kahanan
kang mengkono mau nganti pirang-pirang panenan. Mula yen dipenggalih sapira
mareme Bathara Lowano, amarga saben panen parine tansah wutuh. Lumbung
pirang-pirang saben panen bisa kebak kabeh. Kapara nganti kurang papan kanggo
nyimpen. Ewa semana tansah kurang ing panarima, saya suwe ora malah saya gedhe
panarimane. Lelabuhane kadhang wredha sing semene gedhe lelabuhane iku
suwe-suwe mung dianggep sepele. Nyatane pusaka kang nalika semana wis
dipasrahke marang Kyai Walikara, saiki nedya disuwun maneh. Nanging Kyai
Walikara tetep ora ngulunggake. Toging rembung dadi pasulayan antarane kadhang
pribadi. Saking mantebing penggalihe Bathara Lowano bareng wis kondor banjur
ngirid wadyabala sagelar sapapan, nedya nggepuk perang musuh Kyai Walikara sing
pinuju sare. Lakune wadyabala Lowano wi katon ngebeki Bulak Si Rancang. Kabeh
asikep gegaman kayata; tombak, keris, panah, bandhil, gobang lan liya-liyane.
Tangarane
bendhe pinantang ngungkung kumandhang agawe kaget lan getere wong-wong padesan
sing lagi kepenak turu. Sanalika iku kahanane pawongan ing desa Walikara banjur
katon padha bingung lan rebut. Pating njepluk, pating krosak, swarane bandhil
kang padha tumiba ing omah lan kekayun. Ewodene Penggalihe Kyai Walikara tansah
katong tatag lan ayem. Sawise wungu anggone sare, banjur sesuci lan terus
lumebu ing papan pasepen saperlu pasrah jiwa ragane marang kang mubehing
gesang.
Bareng
wis cukup anggone manengku puja, Kyai Walikara banjur utusan garwane supaya
njupukake oman pari ketan ireng sauting, perlu kanggo obor nyataake sapira
kekuatane wadyas bala saka Lowano. Dene garwa lan putra-putrane diweling ora
usah uwas lan sumelang, awit pati urip iku kagungane pangeran kang murbeng
gesang. Mula sanadyan digondhelana yen pancen wis dikresaake ora bakal bisa
uwal utawa suwala. Bareng wis cukup anggone paring pangandhika, oman mau banjur
disumed murup bel, terus metu ing njobo bablas menyang sawah. Bawaning Kyai
Walikara iku pancen isih gedhe dasar trahe leluhur, tedhaking amara tapa, apa
kang sinabda ana kang cinepta dadi.
Geni
oman mau nuli disebarake ono satengahe Bulak Si Rancang, nalika iku bulak kang
maune peteng banjur byar dadi padhang njingglang. Nanging kahanane kang kaya
mangkono iku mung sakedhepe nintra. Wusana kari wujud pating cahyo pating
clorot, pating klelap, kadya oboring prajurit sayuta kang ambelabar ngebaki
Bulak Si Rancang. Iya nalika iku Kyai Walikara banjur ngendhika: “ Padha seksenana, manawa ing mbesuk
sakwanci-wanci Bulak Si Rancang iki, ing wayah bengi katon cahyane pating
clorot, iku mratandhani yen tandurane pari bakal akeh panetune.” Sanadyan wadya balane Bathara Lowano tanpa
wilangan cacahe anggone ngudani panah lan bandhil, ewodene mung prasasat kadya
kapuk tumiba ing wesi. Wadya balane Kyai Walikara ora katon mundur, nanging
saya maju lan saya tambah akeh. Wusana wadyabala Bathara Lowano rumangsa gila
lan banjur padha lumayu nggendring mosak
mosah-maseh, padha mundur bali menyang Lowano.
Kahanan
sanalika dadi sepi mamring ora ana sabawane wadyabala kang katon kemliwer.
Among Bathara Lowano kang iseh kari ono ing satengahing bulak. Panjenengane
rumangsa judeg, nganti sawetara mendel kaya tugu sinukarta datan bisa
angandhika. Nanging bareng priksa klebate Kyai Walikara, banjur nyedaki karo
muwun. Nuli matur pasrah sakabehing kaluputane kang wus kabacut. Dene Kyai
walikara uga ora paring deduka, malah paring pitutur kan werna-werna. Kang
surasane supaya ing antarane kadang lawan kadang aja nganti padha pasulyan
maneh mung karana barang sepele.
Jalaran mundak kurang becik tinulat dening putra
wayah ing tembe. Lan Bathara Lowano uga wis ora ngucap ngrasani babarpisan bab
amane pusaka keris Karalewang. Nanging duwe panjaluk supaya anggone ngarap sawah
ing bulak si Rancang tansah lestari ora keganngu dening wong. Wusana wong loro
mau bareng wis cukup anggone padha sapatemon, banjur sowing-sowang kondur ing
daleme dhewe-dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar