Sabtu, 29 Juni 2013

Sebutane Mangan

  1. Mangane asu, babi : Nocok
  2. Mangane baya : Nyaplok
  3. Mangane buta, diyu : Mbadhog
  4. Mangane celeng : Nggogos
  5. Mangane glathik : Nisil
  6. Mangane kebo, sapi : Nyenggut, nggayemi
  7. Mangane kethek : Ngrokoti, ngemil
  8. Mangane macan : Nggaglak
  9. Mangane pitik, manuk : Notol, nucuk
  10. Mangane singa : Mangsa
  11. Mangane tikus : Ngrikiti
  12. Mangane ula : Nguntal
  13. Mangane wedhus : Nyenggut, nggayemi
  14. Mangane wong : Buka, saur (wayah pasa), sarapan (wayah esuk), Madhang (wayah awan/sore), Menthong (watara awan lan sore)

2 komentar:

  1. hewan apakah glathik itu?

    BalasHapus
  2. apa sebutan hewan "diyu" dan "buta" dalam bahasa INDONESIA?..Tolong di balas ya gan...

    BalasHapus