Sabtu, 08 November 2014

Dhandhanggula


Dhandhanggula iku salah sijiné tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Saka othak-athik iki banjur kinira yèn tembang iki digawé nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwé arti gula.

 
Metrum
Saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).
  • 10-i
  • 10-a
  • 9 -i
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a


duk ing uni caritané,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama

Lamun sira anggeguru kaki,
Hamiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabaté,
Sarta kang wruh ing khukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkur,
Tan mikir pawehweh ing lyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartané kawruhana.
(Pethikan saka Serat Wulangreh anggitan Sri Pakubuwana IV)
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar