Sabtu, 08 November 2014
Dhandhanggula
Dhandhanggula iku salah sijiné tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Saka othak-athik iki banjur kinira yèn tembang iki digawé nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwé arti gula.
Gambuh
Gambuh iku sajinising sekar madya.Gambuh punika ateges jumbuhaken (nggambuhi ateges nglarasaken) tegesipun ing gesang b‡ebrayan kita kedah jumbuhaken ing kahanan, lan kawontenan ugi empan papan kalawau.
Pangkur
Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané.
Rabu, 05 November 2014
Bank Soal Kelas IX
- Latihan Soal I
- Latihan Soal II
- Latihan Soal III
- Latihan Soal IV
- Latihan Soal V
- Latihan Soal VI
Bank Soal Kelas VIII
- Latihan Soal I
- Latihan Soal II
- Latihan Soal III
- Latihan Soal IV
- Latihan Soal V
- Latihan Soal VI
Bank Soal Kelas VII
- Latihan Soal I
- Latihan Soal II
- Latihan Soal III
- Latihan Soal IV
- Latihan Soal V
- Latihan Soal VI
Langganan:
Postingan (Atom)


